Kawruh Tembang Jawa
Tembang jawa mocopat wonten 11 (sewelas)
cacahe, kang gambarake jejering manungsa awit wonten garbane ibu
ngantos kapundut ing ngarsane kang Maha Kuwaos, nggih meniko :
Tembang jawa mocopat dapat
digolongkankan menjadi 11 tembang, yang menggambarkan jalannya kehidupan
manusia sejak didalam kandungan ibunda sampai meninggalnya untuk
menghadap Yang Maha Kuasa, yaitu :
1. Maskumambang,
gambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing durung kawruhan
lanang apa wadon. Mas tegese durung weruh lanang dan wadon. Kumambang
tegese uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Melambangkan embrio yang masih dalam
kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau perempuan. Mas, artinya
belum diketahui laki atau perempuan, sedangkan Kumambang, artinya
hidupnya masih dialam kandungan ibundanya.
2. Mijil, ateges wis lahir jabang bayine wujud lanang apa wadon
Artinya sudah lahir didunia jenis kelamin laki atau perempuan.
3. Kinanthi, saha tembung kanthi utawa tuntun, kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan alam ndonya.
Berasal dari kata kanthi atau menuntun, yang artinya dituntun supaya dapat berjalan didunia ini.
4. Sinom, tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngansu kawruh sak akeh-akehe.
Artinya pemuda/remaja, disini yang terpenting bagi remaja agar bisa menuntut ilmu yang setinggi-tingginya.
5. Asmaradana, tegese rasa tresna, tresna marang liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau wis dadi kodrat Illahi.
Artinya mempunyai rasa cinta kasih
kepada sesamanya baik itu pria maupun wanita, karena semua itu sudah
merupakan kehendak/kodrat Yang Maha Kuasa.
6. Gambuh, saka tembung
jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake
antarane pria lan wanita sing pada nduweni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Berasal dari kata nyambung/sesuai
yang artinya kalau sudah pas selanjutnya dijodohkan antara pria dan
wanita yang sudah saling mencintai, dengan harapan dapat menjalin
kehidupan yang langgeng.
7. Dandanggula,
nggambarake wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa
kasembadan. Kelakon nduwe sisihan/keluarga, duwe omah, urip cukup kanggo
sakkeluargane. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine bisa
diarani lagu dandanggula.
Menggambarkan seseorang yang
berbahagia, apa yang dicita-citakan dapat terlaksana. Terlaksana
mempunyai pasangan, mempunyai rumah, kehidupan yang kecukupan untuk
keluarganya. Makanya seseorang yang sedang menemukan kebahagiaan dapat
dikarakankan ibaratn lagunya dandanggula.
8. Durma, saka tembung
darma/weweh. Wong yen wis rumongso kacukupan uripe banjur tuwuh rasa
welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan,
mula banjur tuwuh rasa kepingin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh
mau disekunyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Berasal dari kata pemberi. Seseorang
yang merasa kecukupan hidupnya kemudian tergugah rasa kasihan kepada
sanak saudara yang sedang menderita, makanya tergugah ingin membantu dan
memberi pertolongan kepada siapa saja. Semua itu diberikan pertolongan
sesuai ajaran agama dan rasa sosialnya kepada sesama.
9. Pangkur, saka tembung mungkur kang ateges, nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir tansah kepingin weweh sapadha-padha.
Berasal dari kata meninggalkan yang
artinya menghindari hawa nafsu yang angkara murka, semua yang dipikirkan
senantiasa berkeinginan membantu kepada sesamanya.
10. Megatruh, saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wncine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuasa.
Berasal dari kata lepas rohnya atau mati, karena sudah saatnya dipanggil menghadap kepada Yang Maha Kuasa.
11. Pucung, yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.
Kalau sudah menjadi bangkai kemudian dibungkus dengan kain putih atau dipocong sebelum dikebumikan.